Pancasila…
Minangka dasaring negara…
Tembung kang dadi pambukaning tembang iku keprungu antas.
Tetembangan iku banjur kasusul swaraning tetabuhan kayadene terbang,
jidor, tambur, kecrek lan sapanunggalane kang ditabuh dening para
pangrawit.
Ora suwe, udakara 12 pambeksa wadon kang ngagem
sandhangan kayadene prajurit Kumpeni Walanda uga jumedhul saka mburi
panggung. Sandhangan kang sarwa ireng, rigma kang katutup topi warna
ireng, lan clana cendhak kang uga warna ireng, ndadhekake para pambeksa
katon bener-bener kayadene prajurit Kumpeni. Sakbanjure, para prajurit
iku miwiti mbeksa.
Jumbuh kalawan sebutane yaiku tari
utawa beksan angguk, para pambeksa iku banjur wiwit mbabar beksan,
manthuk-manthuk utawa onggak-angguk. Saperangan pambeksa jejogetan
kayadene priya. Ananging suwe-suwe, jejogetan saya beda. Bebarengan
kalawan swara tetabuhan lan lelagon kang keprungu kang tansaya rancak,
para pambeksa anggone jejogetan uga tansaya mempeng. Kabeh awak kaya
melu obah, wiwit sirah, bahu, tangan, sikil lan tekan bokong, kabeh
diobahake, dadi beksan kang katon endah.
Ing pungkasan,
ada pambeksa cacah loro kang ndadi utawa trace. Tansaya suwe, joget
kalorone tansaya ora cetha. Sakbanjure, kalorone mangan sesajen kang
pancen wus dicawisake.
Saka BagelenIng
tlatah Kabupaten Kulonprogo, warga mangerteni beksa utawa tari iki
kanthi asma tari angguk. Sesebutan tari angguk iku pancen pas kalawan
jejogetan kang ana, yaiku para pambeksa tansah onggak-angguk utawa
tansah ngobahake sirahe. Tekan wektu iku, beksan iki dadi salah
sawijining tari khas Kulonprogo kang tetep isih lestari.
Durung
ana cathetan sujarah kang bisa njlentrehake wiwit kapan tari angguk iki
ana. Ananging sing jelas, beksan angguk pancen ora mung ana lan
ngrembaka ing tlatah Kabupaten Kulonprogo.
Miturut Sri
Wuryanti Surajio, salah sawijining seniman tradhisional Kulonprogo kang
uga dadi tetungguling sanggar tari angguk Sri Panglaras Kulonprogo,
beksan angguk pancen ora mung ana ing Kulonprogo wae. Ing tlatah
Kabupaten Purworejo lan Wonosobo ing Jawa Tengah, beksan angguk uga ana
lan uga isih lestari.
Sri Wuryanti mratelakake, tari angguk
kira-kira asale saka Desa Bagelen kang mlebu ing tlatah Kabupaten
Purworejo. ”Bagelen mono ora adoh saka Kulonprogo,” ngono kandhane Sri.
Ananging, imbuhe Sri, sanggar Sri Panglaras mujudake salah sawijining
sanggar kang sepisanan nyoba ngrembakakake tari angguk ing Kulonprogo.
”Wektu iku udakara taun 1991,” ujare Sri maneh.
Miturut
pangertene Sri, angguk wiwit lumebu ing Kulonprogo nalika taun 1950.
Wiwitane, beksan iki mujudake beksan kanggone para wiranom kang biasane
dipentasake nalika panen, dadi salah sawijining beksan syukur marang
Gusti Allah. Beda kalawan wektu saiki, nalika iku, kabeh pambeksa tari
angguk priya. Ananging wiwit taun 1970, pambeksa ganti dadi wadon,
kayadene kang diwiwiti dening sanggar Sri Panglaras, kang wektu iku
isih nama sanggar Sri Lestari.
Tekan saiki, ora
dimangerteni, apa sebabe pambeksa dadi wadon, apa merga komersialisasi
kayadene tuntutaning masyarakat utawa pasar, utawa merga sebab liya.
Ananging kang cetha, faktor komersial dadi salah sawijining sebab,
merga kaanggep pambeksa wadon luwih disenengi tinimbang pamkesa priya.
Kanthi dhasar iki uga, Sri wiwit wani ngowahi joget ing tari angguk.
”Tanpa ngowahi lakon, lan amung ngowahi gerakan sithik,” ngono ujare
Sri.
Tetep lestari Bab lestari lan ngrembakane
angguk, miturut Sri Wuryanti, tekan sakiki angguk isih lestari. Bab iki
bisa dibuktekake kanti tetep lestarine sanggar sanggar tari angguk Sri
Panglaras ing Dusun Pripih, Hargomulyo, Kokap. Ananging bab isi, angguk
tansaya suwe pancen tansaya owah. Yen ing jaman mbiyen tari angguk isih
dianggep sakral utawa wingit, saiki tari angguk wis dadi beksan kanggo
panglipur ati. Yen mbiyen, angguk tansah nganggo tetembangan kang
kajupuk saka kitab Barzanji, yaiku kitab kang dianggep suci saka tlatah
Arab, ing jaman saiki, tetembangan sipate luwih nasionalis. ”Ananging
tetep isih ngaggo basa Jawa,” ujare Sri.
Kepala Dinas
Kebudayaan, Pariwisata, Pemuda lan Olahraga (Disbudparpor) Kulonprogo,
Sarjana, uga nambahi, bab lestarine angguk, pamarentah Kabupaten
Kulonprogo tansah ngadani pembinaan kanggo para seniman kang ana ing
Kulonprogo, lan tansah ngadani festival kesenian rakyat. Bab iku mono
banget penting kanggo ngrembakakake kesenian tradhisional kayadene
angguk. “Bab festival kesenian rakyat, nembe wae diadani,” ngono ujare
Sarjana. Sakliyane iku, pamarentah uga tansah ngadani promosi wisata
kanthi sarana angguk kang wus dianggep dadi kesenian khas Kabupaten
Kulonprogo.
Ora beda, Ketua Dewan Kebudayaan Kulonprogo
(DKPP), Imam Syafei, uga mratelakake menawa pamarentah ojo mung
nggunakake angguk dadi ikon promosi wisata wae, ananging uga kudu
ngetokake kawicaksanan utawa kebijakan kanggo nglindungi seni
tradhisional Kulonprogo, kayadene angguk. Miturut Imam, bab iki banget
diprelokake kanggo nglestarekake kesenian tradhisional kang isih ana
ing Kulonprogo.
Dene miturut Kepala Seksi Pendidikan
Kesenian Pelajar, Joko Mursito, panggulowentah utawa pembinaan marang
para seniman, bakune seniman angguk isih terus diprelokake, bakune
kanggo generasi mudha. ”Bab pembinaan kanggone generasi mudha, bakune
kanggo para siswa ing sekolah, kabeh dipasrahake marang sekolahe
dhewe-dhewe, kanthi nglebokake tari dadi salah sawijining muatan
lokal,” pungkase Joko.
(Juru Warta Harian Jogja/Arief Junianto)
kapendet saking : http://www.solopos.com/2011/harian-jogja/kulonprogo-2/beksan-angguk-saka-kulonprogo-146884